Piwulang 4 Kelas 5 (Soal Latihan Aksara Jawa)

Assalamu’alaikum…

Silahkan buku paket dibuka pada halaman 43 dan 44.

Hari ini kita ingat kembali…, di kelas 5 seharusnya aksara Jawa sudah hafal, karena materi tentang aksara Jawa ada mulai kelas 3.

Penjelasan di bawah ini wajib dibaca dengan sungguh-sungguh!

Dieling-eling meneh babagan aksara Jawa, diwiwiti saka aksara Jawa kang nganggo ‘sandhangan swara’ lan ‘sandhangan panyigeg’.

Piwulang babagan ‘sandhangan swara lan sandhangan panyigeg’ ana ing buku paket kaca 43 lan 44.

‘Sandhangan Swara’ kuwi cacahe ana lima (5) yaiku : wulu, suku, pepet, taling, taling tarung.

  1. Wulu unine i, contone muni ‘siti’
  2. Suku unine u, contone muni ‘tuku’
  3. Pepet unine e, contone muni ‘sega’
  4. Taling unine e, contone muni ‘lele’ (iwak)
  5. Taling tarung o, contone muni ‘coro’

‘Sandhangan  Panyigeg’ kuwi cacahe ana lima (5) yaiku : layar, wignyan, cecak, pangkon, cakra.

  1. Layar (huruf ‘r’ mapan ning mburi tembung), contone muni ‘kabar’
  2. Wignyan (huruf ‘h’ mapan ning mburi tembung), contone muni ‘gajah’
  3. Cecak (hurung ‘ng’ mapan ning mburi tembung), contone muni ‘walang’
  4. Pangkon (paten), mapane kudu ing tembung utawa ukara kang paling mburi, contone kayata :
  5. Kang awujud tembung yaiku bapak, kapak, nanas, lan sakpanunggalane.
  6. Kang awujud ukara contone : ‘Dina iki hawane panas’ (panas bisa diwenehi pangkon, amarga manggon ing mburi dhewe, yen pangkon ing tengah ora pareng)
  7. Cakra (huruf ‘r’ mapan ana ing tengah tembung), contone ‘krama’, ‘trasi’, ‘braja’, lan sak panunggalane

Kanggo mangerteni luwih tenanan, garapen latihan soal ing link ngisor iki :

Latihan soal tentang ‘sandhangan swara lan sandhangan panyigeg’