Pembelajaran & Tugas Bahasa Jawa Piwulang 2 “Yudhistira Asma Liyane Puntadewa”

Senin, 30 Agustus 2021

Assalamu’alaikum ….

Mugi lare-lare lan kulawarga tansah manggih kawilujengan.

(Semoga anak-anak dan keluarga selalu sehat).

Piwulang Basa Jawi dinten punika sinau babagan crita wayang “Yudhistira Asma Liyane Puntadewa” ing buku paket kaca 17.

(Pelajaran Basa Jawa hari ini belajar tentang cerita wayang “Yudhistira Asma Liyane Puntadewa” di buku paket halaman 17).

Wacane diwaca lan dimangerteni kanthi tenanan.

(Bacaannya dibaca dan dimengerti dengan sungguh-sungguh)

Wonten tetembungan ingkang kedah dipungatosaken artosipun.

(Ada kata-kata yang harus diperhatikan artinya).

 

Cathet ing buku tulis!

Tembung-tembung angel kang ana ing wacan :

(Kata-kata sukar yang ada dibacaan) :

  1. numbali : tumbal, korban
  2. dora : ngapusi, goroh
  3. eguh pertikel : cara
  4. merjaya : mateni
  5. titihane : tumpakane
  6. wadya : bala, pasukan
  7. alok : mbengok, bengok-bengok, ngomong seru
  8. kelangan daya : ora duwe kekuatan
  9. wusanane : akhire
  10. judheg : bingung
  11. goroh : ngapusi, dora
  12. puguh : teteg atine
  13. nglempruk : nglempuruk, lemes

Tegese tembung-tembung kang kacithak miring ing kaca 18 nomer 5 (a tekan h)

  1. kondhang : kawentar (terkenal)
  2. merjaya : mateni
  3. ngakasa : ngantariksa, dirgantara
  4. pamirengipun : mireng, krungu
  5. ludira : getih
  6. mimpang : menang
  7. dora : ngapusi
  8. pralaya : mati

Silahkan klik :

Video pembelajarannya.

Silahkan dikerjakan :

Tugas Bahasa Jawa Kelas 4.