MATERI DAN LATIHAN SOAL BAHASA JAWA KELAS 6 BAB 5

Assalamu’alaikum….

Mugi-mugi sedaya siswa lan tiyang sepuhipun tansah manggih rahayu nir ing sambekala…

 

Materi Basa Jawa Kelas 6 Piwulang 5

Babagan Sesorah (Pidhato)

 

Sesorah utawa pidhato iku sarana kanggo nggandharake gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas (tujuan) kang gumathok.

Ancas kang gumathok iku manut saka kahanan utawa tema kang ana. Kayata, yen ing desa arep ana gotong royong, sesorahe ya babagan gotong royong. Nalika sekolahe wis rampung/paripurna, sesorahe ya babagan perpisahan, ngono kuwi sak teruse.

Ajar sesorah bisa kawiwitan menehi pengumuman ing kelas marang kanca sakelas.

Perangan (bagian) sesorah ana enem, yaiku :

  1. Salam pambuka

Salam pambuka yaiku ngaturake salam kanggo para rawuh, umpamane “Assalamu’alaikum warahmatullahi wa barokatuh”

  1. Atur pakurmatan

Atur pakurmatan yaiku nyebut para tamu lan tetembungan pakurmatan siji mbaka siji.

  1. Pambuka/purwaka

Ing pambuka iki yaiku ngaturake syukur lan panuwun marang Gusti Allah amarga nalika wektu kepanggih (ketemu) tansah pinaringan sehat bagas waras kabeh.

  1. Surasa/isi wigatining sesorah

Surasa (isi sesorah) yaiku kabeh bab kang wigati kang bakal diwedharake (diterangake) ana ing sesorah.

  1. Panutup

Panutup sesorah iku isine pangajeng-ajeng (harapan) lan nyuwun pangapura menawa ana kaluputane utawa ana bab kang gawe kurang rena (seneng) ing penggalih.

  1. Salam panutup

Salam panutup yaiku salam ing pungkasaning (rampung) sesorah, umpamane “nuwun”, “Wassalamu’alaikum warah matullahi wa barokatuh”.

 

Saking katrangan kang wis cumawis ing dhuwur, saiki garapen latihan soale ing link ngisor iki :

Latihan soal Bahasa Jawa kelas 6 piwulang 5