Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

                Latihan soal kelas 5.

Tembang Macapat

  1. Guru gatra tegese ….
  2. Guru lagu tegese ….
  3. Guru wilangan tegese ….

 

Tembang Pangkur

Ing Aceh Teuku Umar

Teuku Syaman, Dawud nuli Cut Nyak Din

Imam Bonjol datan kantun

Sisingamangaraja

Kabeh iku aneng Sumatra lumaku

Antasari Kalimantan

Ketut Jelantik ing Bali

 

  1. Cacahing gatra tembang pangkur ana ….
  2. Tembang macapat Pangkur ing dhuwur crita babagan ….
  3. Gatra katelu guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur kasebut yaiku ….
  4. Cacahing wanda saben sagatra ing sekar macapat diarani ….
  5. Pahlawan kamardikan kang saka Sumatera yaiku ….
  6. Imam Bonjol datan kantun. Tembung ‘datan kantun’ tegese ….

 

(Geguritan)

….

Bumi pusaka wus kawentar

Ombak-ombak samodra

Kencana kang ngrenggani

Wutah getihku daktresnani

Kawulamu …

Guyub rukun anyambut kardi

Jroning swasana tentrem lan mardika

….

  1. Geguritan ing dhuwur nyritakake ….
  2. Ombak-ombak samodra. Dasanamane tembung ‘samodra’ yaiku ….
  3. Parafrase yaiku ngowahi saka wujud tembang dadi wujud ….
  4. Nalikane maca geguritan, kudu nggatekake intonasi. Kang dikarepake ‘intonasi’ yaiku ….

 

(Legendha)

  1. Legendha tegese crita rakyat kang ana sambung rapete karo dumadine ….

 

Miturut Legendha Dumadine Kutha Banyuwangi

  1. Ingkang mbebedhag (berburu hewan) ing alas yaiku ….
  2. Kacaritakake, Putri Surati iku salah sawijiing putri kang seneng ….
  3. Tiyang sepuhipun Putri Surati sejatine putri ….
  4. Rakyate Raden Banterang seneng banget, amarga saiki duwe putri kang sulistya lan luhur budine. Tegese tembung ‘luhur budine’ yaiku ….
  5. Nalika Putri Surati tindak-tindak ing njaban kraton ketemu karo ….

 

Miturut Legendha Dumadine Kutha Semarang

  1. Ingkang tansah ngestekokake dhawuhe bapake yaiku ….
  2. Ramane/bapake Pangeran Pandan Arang yaiku ….
  3. Papan panggonan diopeni lan diolah dening Pangeran Pandan Arang nganti dadi dadi tlatah kang ….
  4. Pangeran Pandan Arang meruhi kadadeyan kang nganeh-anehi, ing lemah kang wis diopeni lan diolah mau thukul ….
  5. “… nanging anggone thukul arang-arang …”. Tegese tembung ‘arang-arang’ yaiku ….
  6. Tembung “Semarang” asale saka tetembungan ….

 

tambahan kanggo sinau :

TEMBUNG LAN TEGESE

 

nundhung   = ngusir

sumusul       = nusul

dadya            = dadi

datan            = ora

kantun          = keri (ketinggalan)

aneng           = ana (ada)

lumaku         = mlaku

nungka         = bar kuwi

pinuji             = sing diajeni, sing diurmati