Basa Jawa Kelas 5 Piwulang 3 Babagan Ndamel Karangan Dheskriptif

Sabtu, 24 Oktober 2020

Basa Jawa Kelas 5 Babagan Karangan Dheskriptif

Ana apike yen katrangan iki ditulis ing buku.

Werna-wernaning karangan ana pirang-pirang, yaiku narasi, argumentasi, dheskripsi, persuasi, eksposisi. Ingkang kudu disinau ing piwulang iki yaiku babagan karangan dheskriptif.

Karangan dheskriptif yaiku paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining objek (bisa panggonan utawa wujud liyane) kanthi trewaca (cetha). Sapa wae kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhewe objek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki. Bab kang digambarake ing awujud tulisan kayata, kaendahan alam, banjir, lindhu, kahanan jasmani, lan sakpanunggalane.

Urut-urutan nulis paragraf dheskriptif :

  1. Nemtokake tema/objek karangan.
  2. Nemtokake ancas (tujuan) karangan.
  3. Nemtokake data kanthi ngamati objek kang disadekake objek karangan.
  4. Nata rantamaning karangan/gawe cengkorongan (nyusun rancangan karangan).
  5. Ngembangake kerangka karangan.

Ciri-ciri paragraf dheskripsi/dheskriptif :

  1. Nggambarake samukawis (sesuatu).
  2. Kanggo sing maca lan sing ngrungokake kaya-kaya ngrasakake kahanan kuwi dhewe.

Tugase dina iki yaiku ngarang/nggawe karangan dheskriptif 1 paragraf wae miturut (manut) gambar kang ana ing google form. Garapen ing link ngisor iki :

Tugas ndamel karangan dheskriptif.